Sejarahipun Aksara Jawa

Posted by Misbahul Munir on Saturday 31 March 2012

            Aksara Jawa kang urutane ha nganti nga nduweni sejarah. Jaman biyen ana satriya kang aran Aji Saka. Aji Saka iku duweni utusan cacah loro, yaiku Dora lan Sembada. Kacarita Aji Saka paring dhawuh marang Sembada supaya tetep ana padhepokan wektu Aji Saka lunga.Aji Saka meling Sembada supaya njaga keris kang ditinggal ing padhepokan. Keris iku ora kena dijupuk sapa wae saliyane Aji Saka dhewe. Mbuh amarga lali karo gunemane, Aji Saka banjur utusan marang Dora supaya njupuk keris pusaka iku. Nanging amarga Sembada wis puguh marang janjine, keris ora diwenehake. Kalorone dadi padha padu nganti tekan ing pati amarga padha-padha ngugemi beberane dhewe-dhewe. Suwe ora bali anggone Dora njupuk keris, akire Aji Saka marani ing padhepokan. Nanging sing ditemokake Aji Saka malah jasate Dora lan Sembada. Kanthi rasa sedhih lan gela Aji Saka banjur ngucap.

Ha        na        ca         ra         ka

Da        ta         sa         wa        la

Pa        dha      ja         ya        nya

Ma       ga         ba        tha       nga

Kang tegese ana abdi-abdi kang padha tukar padu, kalorone padha-padha kuwate lan kabeh padha nemoni pati.

{ 0 comments... read them below or add one }

Post a Comment